Jumat, 07 Februari 2014

Geguritan

Lingkungan Sekolahku
Cahyaning surya…
Mecah adheme embun nduwur godhong
Wit – witan kang tansah ijo royo - royo
Hawane kang seger
Agawe ati bungah
Tanduran kang urip subur
Warna - warna kembang ana
Suryaning sekar mekar
Ing taman sekolah kang edi peni
Resik
Tanpa reregetan
Nambahi endahing taman sekolah
Agawe ayem ati
Agawe semangat nampa pelajaran

Tidak ada komentar:

Posting Komentar